Ceriwis  

Go Back   Ceriwis > DISKUSI > Lounge > Jokes

Jokes Segala hal yang lucu dan kocak bisa kamu baca ataupun share disini.

Reply
 
Thread Tools
  #1  
Old 11th April 2016
DemiDiaLho's Avatar
DemiDiaLho DemiDiaLho is offline
Ceriwiser
 
Join Date: Apr 2016
Posts: 466
Rep Power: 10
DemiDiaLho mempunyai hidup yang Normal
Default ndarani razia warung makan ( jawa masuk gan )





salam



oke gan, di mulai sajja ceritanya

monggo dipun simak



"Wulan puasa kiye akeh wong sing ganti penampilan kaya Daplun preman kampung siji kiye. Wong sing ndina-ndinane mabok-mabokan tur doyan gawe masalah mulai wulan puasa dadi kaya ngalim banget. “Ben keton ngalim lah inyong kudu ganti penampilan,” batin Daplun.



Pas agi mlaku nang ndalan deweke ketemu kancane. “Hebat temen ko nganggo peci nganggo klambi koko, tapi puasa ora?” Kemplu kanca kentele takon maring Daplun.

“Ya puasalah, emange ko ora puasa,” Daplun semaur.

“Wah hebat, kemajuan yakin nek kaya kuwe, biasane aya wene wis nongkrong nang warung,” Kemplu ngomong.

Mbarang awan pas bedug dzuhur Daplun ujug-ujug marani warung rames sing nang pinggir ndalan deweke kaya kesuh-kesuh.

“He..h !sing nduwe warung sapa kiye??!!!” Daplun takon.

“Aa.. ana apa, Mas?” Ibu-ibu sing nduwe warung metu sekang njero.

“Ibune sing duwe warung kiye?!!!” Daplun takon.

“Ii..iya Mas.” Ibu warung sing jenenge Dakem semaur kaya wedi-wedi karo raine Daplun sing sangar.

“Siki kiye wulan puasa, wulan suci ngormati wong sing pada puasa sih ngapa, dodolan olih bae, tapi ditutupi korden apa dikelambuni ben ketutupan,” Daplun ngomongi ibu warunge.

Ora suwe warung rames mau wis ditutupi nganggo kain. Mbarang kaya kuwe Daplun mlebu maning meng warung.

“Nah kaya kiye tuli bener, Pesen es Teh, karo segane siji ya…” Daplun ngomong.

“Asem… jebul kur arep mangan, gayane tah iya kaya laskar sing sok ngrazia warung bukak,” batin ibu warung."



#sumber:radarbanyumas</div></div></div>
Multi Quote Quote

Reply With Quote
Reply


Posting Rules
You may not post new threads
You may not post replies
You may not post attachments
You may not edit your posts

BB code is On
Smilies are On
[IMG] code is On
HTML code is Off


 


All times are GMT +7. The time now is 09:10 PM.


no new posts